Andeande lumut 1. Sobat, kali ini saya akan membagikan salah satu tugas di sekolah yakni Drama dalam bahasa jawa.. Drama ini saya sediakan supaya dapat membantu sobat dalam mencari inspirasi drama ataupun yang ingin lebih mengerti tentang Drama bahasa Jawa silahkan dipelajari berikut contoh teks naskah drama dalam bahasa Jawa Drama Kangtumrap ning tanah Jawa = Yang berlaku di tanah Jawa Agama ageming aji = Agama pegangan para pemimpin. Read More. Jatim Park. Posted on Sunday, November 15, Drama Bahasa Inggris Ande Ande Lumut. Naskah Drama Bahasa Inggris. Naskah Drama Bahasa Inggris Ande Ande Lumut. sejarahindonesia– Kerajaan Majapahit, berdiri pada tahun 1293 sampai 1500 masehi, adalah kerajaan Hindu yang berpusat di Jawa Timur Indonesia Kisah Ande-Ande Lumut (Cerita Rakyat Jawa Timur) Dahulu kala, ada dua buah kerajaan, Kediri dan Jenggala Ada beberapa ratu, penguasa suatu kerajaan, yang tercatat dalam sejarah sebagai wanita yang Vay Tiền Trả Góp Theo Tháng Chỉ Cần Cmnd Hỗ Trợ Nợ Xấu. 1. Tema Golek Garwa 2. Cerita apa Ande-ande Lumut 3. Ceritane kaya piye Panji Asmara Bangun mangembarra kanggo golek pengalaman uri lan garwa sisihaning gesang. Nalika mangembara dheweke ketemu karo Mbok Rondho Dhadhapan, lajeng dipek anak lan dijenengi Ande-ande Lumut. Mbok Rondho Dhadhapan golekna garwa kanggo Ande-nde Lumut kanthi cara nganakna saembara nyanyi kang diarani “Sinden Idol”. Sing melu saembara yaiku Klenting abang, Klenting ijo, Klenting biru lan Klenting kuning. Sanajan Klenting abang, klenting ijo lan klenting biru ayu-ayu, nanging wis disisani yuyu kangkang. Lha bedo karo klenting kuning, dheweke rupane digawe elek mbok rondho klenting, ambune ora enak nanging ora sisane yuyu kangkang lan uga sae penggalihe. Akhire Klenting kuning sing dipilih Ande-ande lumut dadi garwane. 4. Tokoh a. Pangeran ande-ande lumut wicaksana, sae penggalihipun lan satriya. b. Bejo manut marang junjungane lan lucu. c. Mbok Rondho Dhadhapan kasih marang putra. d. Mbok Rondho Klenting pilih kasih, angkuh lan seneng nyiksa. e. Klenting abang edan donya, kemenyek, angkuh lan seneng nyiksa. f. Klenting ijo manja, edan donya, kemenyek, angkuh lan seneng nyiksa. g. Klenting biru edan donya, kemenyek, angkuh lan seneng nyiksa. h. Klenting kuning sabar, lan sae penggalihipun. i. Widodari welas asih. j. Yuyu kangkang gelem nulung yen ana imbalane pamrih. 5. Alur Maju Konflik a. Mbok rondho klenting >< klenting kuning Klenting-klenting ngremehake klenting kuning. 6. Setting/latar a. Panggonan ü Ing alas ü Ing omahe mbok rondho klenting ü Ing kali ü Ing omahe mbok rondho dhadhapan b. Wekdal Esuk, awan, sore c. Swasana ü Bingung ü Susah ü Gething ü Seneng “Ande-ande Lumut” PROLOG KADADOSAN ING NEGARI INGKANG GEMAH RIMPAH LOH JINAWI, TATA TENTREM KERTA RAHARJA. WONTEN SALAH SAWIJINING PANGERAN INGKANG GESANGIPUN SARWA KACEKAPAN. PANGERAN MENIKA PUTRA MAHKOTA INGKANG BADHE NGLAJENGAKE TAHTA KERAJAAN. ANANGING PANGERAN KALAWAU MBOTEN MAREM KALIH GESANGIPUN INGKANG KACEKAPAN. PANGERAN KEPINGIN LELONO. NGLAMAHI WONO. PANGERAN KEPINGIN MADOSI JATI DIRINE UGI PENGALAMAN GESANG. SAKING MRIKU KAWIWITAN LELAMPAHAN GESANGIPUN PANGERAN INGKANG MANGGIHAKE SISIHAN GESANGIPUN INGGIH MENIKA LARE WADON INGKANG SAE MANAHIPUN LAN AYU PASURYANE. BABAK 1 ING ALAS KALIH TIYANG KANEMAN MLAMPAH NGLEWATI WANA INGKANG RIMBUN. NINGALI KIWO TENGENE MBOTEN WONTEN KEWAN UTAWA PEKSI INGKANG SAGET DIPUNBURU. KANEMAN BAGUS KALIHAN PANDHEREKE WAU SAKYEKTOSIPUN INGGIH MENIKA PANGERAN INGKANG LELONO KANGGE PADOS JATI DIRINIPUN. KALIH TIYANG MLAHPAH KANTHI WASADAPA NGINGETI ANA NGISOR LAN NDHUWURE NGGOLEKI KEWAN KANG ISO DIBURU. PANGERAN “Jo… Bejo… kowe neng endi? Jo…. Bejo.” BEJO “Pangeran…. Pangeran….Panjenengan wonten pundi pangeran?” MLAMPAH MUNDUR, LAJENG TABRAKAN NGANTI GELIMPUNGAN PANGERAN “Aduh… kowe kuwi ati-ati ta.” BEJO “Hehehe…ngapunten pangeran… kula mboten ngertos pangeran wonten wingking kula.” PANGERAN “Rene Jo rene!!!…. Aku arep cerita.” BEJO “Wonten napa pangeran?” KALIH TIYANG LENGGAH BARENG LAN PADHA CRITA PANGERAN “Kok ra ana kewan dina iki ya Jo?” BEJO “Injih pangeran sepi sanget!” PANGERAN LAN PANDHEREKE NGADEK, KAGET WEROH WONG ING NGAREPE PANGERAN “Sapa kuwi Jo?” BEJO “Kula mboten ngertos pangeran. Sinten nggih niku?” PANGERAN “Ngapunten mbok, kula badhe tanglet?” INGKANG DITAKONI MENENG, ORA NJAWAB, REPOT KARO KAYUNE PANGERAN “Kulanuwun… mbok.” PANGERAN NYEDAK MARANG MBOK RONDHO, MBOK RONDHO KAGET WEROH PANGERAN MBOK RONDHO DHADHAPAN “Walahdalah…. mangga. Sapa kowe?” PANGERAN “Kula pengembara mbok… ngapunten niki dusun napa?” MBOK RONDHO DHADHAPAN “Iki dusun dhadhapan le… kowe arep ngapa neng kene?” PANGERAN “Kula badhe mangembara mbok… ananging kula nyasar mboten ngertos dalane.” MBOK RONDHO DHADHAPAN “Wah… ya wis… kowe melu mbok wae piye le? Tak dadekne anak angkatku yen kowe gelem.” PANGERAN “Wah… injih mbok kula purun.” MBOK RONDHO DHADHAPAN “Kawit sekiki kowe dadi anakku. Kowe tak jenengke ande-ande lumut ya le?” PANGERAN “Inggih mbok.” BABAK 2 ING OMAHE KLENTING-KLENTING WONTEN ENJING INGKANG TERANG MBOK RONDHO KLENTING NYAWIJI KALIHAN PUTRI-PUTRINIPUN. PUTRI-PUTRI MBOK RONDHO KLENTING SANGET AYU PASURYANE. PIYAMBAKE INGGIH MENIKA KLENTING ABANG, KLENTING IJO, KLENTING BIRU LAN SALAH SATUNGGALING PUTRI TIRINIPUN INGKANG NAMA KLENTING KUNING. MBOK RONDHO KLENTING SANGET REMEN LAN TRESNA KALIYAN PUTRI-PUTRINIPUN, ANANGING BENTEN KALIYAN KLENTING KUNING INGKANG DADOS PUTRI TIRI, PIYAMBAKE SANGET DIBENTENAKE KATRESNANIPUN. KLENTING KUNING DIDHAWUHI NYAPU, NGRESIKI GRIYA LAN UGI NYAMBUT DAMEL ING SAWAH. SANGET MRIHATINAKE. KLENTING KUNING TEKO NGGAWA SAPU, NYAPU LAN NGEPEL JOGAN. LINGEH MOJOK ANA RUANGAN. ORA SUWE MBOK RONDHO TEKO NGAWASI KLENTING KUNING. NYUSUL SEDULURE KLENTING ABANG, KLENTING IJO LAN KLENTING BIRU MBOK RONDHO KLENTING “Anak-anakku sing ayu-ayu…rene ndug!” KLENTING-KLENTING “Injih mbok, wonten napa?” MBOK RONDHO KLENTING “Ngene ndug, ana warta sing penting banget.” KLENTING ABANG “Warta apa ta mbok?” dewasa KLENTING IJO “Inggih mbok enten napa ta?” manja, nyedak karo nyekel tangane mbok rondho klenting KLENTING BIRU “Enten napa mbok, sajake kok tenanan. Wonten menapa?” MBOK RONDHO KLENTING “Kowe ngerti ta… mbok rondho dhadhapan sing duwe anak bagus banget, jenenge ande-ande lumut?” KLENTING-KLENTING “Owh…ande-ande lumut…bagus!!! Wah gelem no.” MBOK RONDHO KLENTING “Iya… mbok rondho dhadhapan gawe saembara “Sinden Idol” kanggo anake ande-ande lumut sing lagi goleki garwa pendamping.” KLENTING-KLENTING “Wah… purun sanget mbok.” MBOK RONDHO KLENTING “Iya… mengko mbok arep dandani kowe-kowe supaya dadi putri sing ayu-ayu, sapa ngerti salah sijine kepilih dadi garwane ande-ande lumut. KLENTING-KLENTING “Iya mbok.. purun.” KLENTING ABANG “Wah mesti aku sing dipilih mengko, kan aku ayu…” KLENTING IJO “Ora iso! Mesti aku sing dipilih ande-ande lumut dadi garwane.” KLENTING BIRU “Ora iso mbakyu, mesti aku ta…aku kan luwih cilik, kudune mbakyu-mbakyu ngalah karo aku!” KLENTING ABANG “Heh!! Aku kan luwih tua saka kowe…kudune kowe ngajeni aku dadi mbakyumu!” MBOK RONDHO KLENTING “Wes-wes ta!! Rasah padu…anak-anake mbok kan ayu-ayu, rasah do udur!! Gek neng njero,,siap-siap dandan!!” KLENTING-KLENTING “Injih mbok…” KLENTING ABANG, IJO, LAN BIRI NINGGAL MBOK RONDHO LAN MLEBU OMAH KLENTING KUNING KAWIT WAU MIRENGAKE PIREMBUGANE SIMBOK LAN SEDHEREKIPUN. KLENTING KUNING MARANI MBOK RONDHO LAN NGOMONG MARANG MBOK RONDHO. KLENTING KUNING “Mbok… kula badhe matur.” MBOK RONDHO KLENTING “Matur apa….? Apa kowe wes rampung nyapune?” KLENTING KUNING “Sampun mbok, ngeten mbok… kula inggih kepingin ndherek saembara “Sinden Idol” supados dados garwane ande-ande lumut kados mbakyu-mbakyu klenting.” MBOK RONDHO KLENTING “Owh ya wis…rene tak dandani kowe.” MBOK RONDHO MENEHI ANGUS LAN AMBU-AMBU KANG ORA ENAK MARANG KLENTING KUNING MBOK RONDHO KLENTING “Ya wis sakiki kowe ngumbahi klambi-klambine mbakyumu karo gone mbok neng kali kono.” MBOK RONDHO NYURUNG KLENGTING KUNING KANTHI KASAR BANGET KLENTING KUNING “Injih mbok…”KLENTING KUNING NINGGALNO MBOK RONDHO LAN MLAKU MARAK PAWON MBOK RONDHO KLENTING “Hahaha… muga-muga sing ditrima dadi garwane ande-ane lumut yaiku salah sijine anak-anakku, dudu klenting kuning.” KLENTING KUNING NAMPI MENAPA INGKANG DIPUNUTUS DENING MBOK RONDHO LAN DILAMPAHI KANTHI SABAR. ING OMAHE KLENTING-KLENTING BABAK 3 PERJALANAN MARAK ING KALI KLENTING KUNING SABEN DINTEN NYAMBUT DAMEL NGRESIKI GRIYA, UGI NYAMBUT DAMEL WONTEN LADING. MBOTEN KRAOS SAYAH LAN KELUH KESAH. SINAOS PIYAMBAKE DIPUNDAMEL MBOTEN SAE KALIYAN MBOK RONDHO KLENTING LAN PARA SEDULURE. NAMING PIYAMBAKE UGI GUSTI ALLAH INGKANG NGERTOS SENGKOWO PIYAMBAKE. PIYMBAKE NGAJENGAKEN GUSTI ALLAH BADHE MARINGI GANJARAN INGKANG SAE KANGGE PIYAMBAKIPUN. KLENTING KUNING “Duh Gusti ngeten niki gesangipun kula…mugi-mugi kula saget nampi kanti lemah manah.” WIDODARI WONG KANG ORA DISANGKA MARA “Hei… cah ayu.” KLENTING KUNING “Sapa kuwi?” WIDODARI “Kowe rasah wedi, aku iki widodari sing arep bantu awakmu!” KLENTING KUNING “Ameh ngapa kowe?” WIDODARI “Aku arep menehi kowe pusaka… tampanen … mugo-mugo pusaka iki keguna kanggo kowe. Iki jenenge Jimat Kalimosodo. Tampanen cah ayu.” KLENTING KUNING “Injih matur nuwun.” WIDODARI “Ati-ati, gunakno pusaka kuwi kanggo kabecikan!” KLENTING KUNING “Injih, matur nuwun lan nyuwun donga lan restune.” KLENTING KUNING NINGGALNO KALI LAN NGGAWA PUSAKA SING DIWENEHKE WIDODARI BABAK 4 ING SALAH SAWIJINING LEPEN INGKANG TOYONIPUN SANTER BANGET, WONTEN MRIKU YUYU KANGKANG GESANG. PIYAMBAKE INGKANG NGUASANI LEPEN MENIKA. PIYAMBAKE SI YUYU KANGKANG INGKANG JULIK. YUYU KANGKANG SING NJAGA LEEN LAGI MONDAR-MANDIR NGWASI MENAWA ANA WONG TEKO YUYU KANGKANG “Hohohoho….Godong waru kok bolong-bolong… bocah ayu kok moblong-moblong….Sapa kae sing teko?” LAJENG TEKO KLENTING ABANG, IJO LAN BIRU MARA ING PINGGIR KALI KLENTING ABANG “Wah… kaline banjir.” KLENTING IJO “Iya mbakyu… piye carane awake dewe nyebrang??” KLENTING BIRU “Iya mbakyu… piye iki? Bisa-bisa awake dhewe ora sido melu saembarane mbok rondho dhadhapan?!” KLENTING ABANG “Kosek-kosek…kae ana yuyu kangkang ta?” KLENTING IJO LAN BIRU “Wah…iya…ayo njaluk tulung yuyu kangkang wae mbakyu.” KLENTING ABANG “Iya …Yuyu kangkang… yuyu kangkang…” YUYU KANGKANG “Hahaha… ana apa cah ayu-ayu?” KLENTING ABANG “Yuyu kangkang… aku njaluk tulung kowe….tulung sebrangke aku lan adhik-adikku lewat kali iki…” YUYU KANGKANG “Wah…abot banget kuwi. Iso nanging enek syarate cah ayu….enek imbalane.” KLENTING ABANG “Imbalane apa ta…kon mbayar nganggo duwit?? Wah kowe kuwi mata duwitan!” KLENTING IJO “Ya wes lah yen duwit gampang….mengko tak bayar..” KLENTING BIRU “Ya… piro jalukmu mengko tak bayar!!” YUYU KANGKANG “Dudu duwit…aku rak doyan…. Hahaha” KLENTING-KLENTING “Prett…” YUYU KANGKANG “Imbalane yaiku nganggo tangamu..” KLENTING ABANG “Apa tanganku???ameh bok kapakne??” YUYU KANGKANG “Ora tak kapak-kapakne…mung tak ambung sitik…” KLENTING BIRU “He!!! Apa?” KLENTING IJO “Iihhhhh,,,emohh ahh….gilani…” KLENTING ABANG “Iya,,apa ra enek imbalan liyane..??mosok tanganku sing wangi iki bok ambungi??hiiiii” YUYU KANGKANG “Ya wis yen wegah…yen suwe-suwe mengko imbalane nambah…” KLENTING ABANG, IJO LAN BIRU PADHA REMBUGAN KLENTING ABANG “ya wis,,,tapi neng tangan wae,,sedilit tok….” YUYU KANGKANG NYEBRANGKE KLENTING ABANG, IJO LAN BIRU KANTHI GILIRAN YUYU KANGKANG “Wah…seneng banget aku iso ngambung tangane cah wadon ayu-ayu..” KLENTING KUNING TEKO AREP NYABRANG YUYU KANGKANG “Hohoho.. apa kuwi??.. ambune rak enak,,,rupane elek banget.” KLENTING KUNING “Wah… kok banjir ta? Piye carane aku iso nyebrang?? Wah kae enek yuyu kangkang. Yuyu kangkang…yuyu kangkang mreneo. Aku njaluk tulung sebrangne kali iki.” YUYU KANGKANG “Hahaha… apa sebrangke?aku wegah.” KLENTING KUNING “Mengko tak wenehi duwit…” YUYU KANGKANG “Aku wegah… wes kono lunga.. aja rene meneh! Dasar wong wadon elek.” KLENTING KUNING “Alah…kowe kok jahat ta Yuyu kangkang…” KLENTING KUNING NGETOKNO PUSAKANE KLENTING KUNING “Ya wis yen kuwi karepmu. Aku arep gawe kali iki asat.” YUYU KANGKANG “Hahaha… apa ya iso?” DUMADAN LEPEN MENIKA ASAT, YUYU KANGKANG KACILAKAN LAJENG KESAH TEBIH LAN MATI. SAK LAJENGIPUN KLENTING KUNING SAGET LUMPRAH NYEBRANG LEPEN MENUJU GRIYA MBOK RONDHO DHADHAPAN, GRIYANIPUN SI ANDE-ANDE LUMUT. BABAK 5 ING OMAHE MBOK RONDHO DHADHAPAN SALAH SAWIJINING DUSUN INGKANG NAMA DHADHAPAN, MBOK RONDHO NEMBE NYAPU GRIYA, WONTEN NDALEM MRIKU WAU SI ANDE-ANDE LUMUT NEMBE NGAJI WONTEN SALAH SWIJINING SURAU. NGENTOSI GEGANTILANING MANAH INGKANG DIPUNJANJIAKEN GUSTI ALLAH KANGGE PIYAMBAKE. MBOK RONDHO LAGI NYAPU ING OMAHE, UJUK-UJUK TEKO ROMBONGANE WONG WADON AYU-AYU YAIKU KLENTING ABANG, IJO LAN BIRU. KLENTING-KLENTING “Assalamu’alaikum…” MBOK RONDHO DHADHAPAN “Wa’alaikumsalam…sapa ya?” KLENTING ABANG “Kula mbok… klenting abang.” KLENTING IJO “Kula klenting ijo mbok..” KLENTING BIRU “Lan kula klenting biru mbok.” MBOK RONDHO DHADHAPAN “Wah.. cah wadon ayu-ayu…arep ngapa iki?” KLENTING-KLENTING “Badhe melu saembara “sinden idol” supaya bisa dadi garwane ande-ande lumut mbok…” MBOK RONDHO DHADHAPAN “Owalah… arep melu saembara ta… Ayo nyanyi siji-siji?!” KLENTING-KLENTING “inggih mbok..” KLENTING-KLENTING GANTIAN NUNJUKNO KAPINTERANE NYANYI KLENTING ABANG NYANYI “NYIDAM SARI” MBOK RONDHO DHADHAPAN “Lumayan-lumayan. Next….” KLENTING IJO NYANYI “LUNGITING ASMARA” MBOK RONDHO DHADHAPAN “Padha wae lumayan. Next…” KLENTING BIRU NYANYI “TANJUNG MAS NINGGAL JANJI” MBOK RONDHO DHADHAPAN “Waw rondo cucok. Sek ya tak omongke ande-ande lumut . mlebu siji-siji ya!” KLENTING-KLENTING “Oke… siaaaaaaappp!” KLENTING ABANG MLEBU PISANAN, BANJU MBOK RONDHO NYANYI MBOK RONDHO DHADHAPAN “Putraku si ande-ande lumut.. temuruna ana putri kang unggah-unggahi… putrine ngger sing ayu rupane… Klenting abang iku kang dadi asmane.” ANDE-ANDE LUMUT “Duh ibu…kula mboten purun.. duh ibu… kula mboten meduun.. najan ayu sisane si yuyu kangkang.” MBOK RONDHO DHADHAPAN “Wah ora gelem ki nduk!” KLENTING ABANG “Wah kurang ajar kuwe kuwi… aku ayune ngene diarani sisane yuyu kangkang.” KLENTING ABANG METU BANJUR KLENTING IJO SING GANTI MLEBU KLENTING IJO “Cobi kula mbok…” MBOK RONDHO DHADHAPAN “Putraku si ande-ande lumut…temuruna ana putrid kang unggah-unggahi… putrine ngger sing ayu rupane.. klenting ijo iku kang dadi asmane.” ANDE-ANDE LUMUT “Duh ibu… kula mboten purun.. duh ibu… kula mboten medun… najan ayu sisane si yuyu kangkang.” MBOK RONDHO DHADHAPAN “Wah ya padha ora gelem ki nduk.” KLENTING BIRU “Mbok,,,cobi kula.” MBOK RONDHO DHADHAPAN “Putraku si ande-ande lumut…temuruna ana utri kang unggah-unggahi…putrine ngger sing ayu rupane…klenting biru iku kang dadi asmane.” ANDE-ANDE LUMUT “Duh ibu…kula mboten purun… duh ibu… kula mboten medun… najan ayu sisane si yuyu kangkang.” MBOK RONDHO DHADHAPAN “Waduh nduk wong telu ora gelem kabeh kae…” KLENTING KUNING TEKO MARA ING OMAHE MBOK RONDHO DHADHAPAN KLENTING KUNING “Assalamu’alaikum…” MBOK RONDHO DHADHAPAN “Wa’alaikumsalam… sapa ya kuwi?” KLENTING KUNING “Kula klenting kuning mbok…badhe melu saembara “sinden idol” supaya bisa dadi garwane ande-ande lumut.” MBOK RONDHO DHADHAPAN “Apa?... Kowe kepengen dadi garwane anakku? Ora salah ta kuwe iki?” KLENTING ABANG “Lha iya… rupamu elek ambumu ra enak. Aku wae sing ayu ditolak kok apa mneh kuwe?” KLENTING KUNING “Dicoba ndhisik mbok…” MBOK RONDHO DHADHAPAN “Ya wis kono ndang nyanyi.” KLENTING KUNING NYANYI “CIDRO” KLENTING KUNING MELU MLEBU MBOK RONDHO MBOK RONDHO DHADHAPAN “Putraku si ande-ande lumut…temuruna ana putrid kang unggah-unggahi…putrine kang ala rupane… klenting kuning iku kang dadi asmane.” ANDE-ANDE LUMUT “Duh ibu…kula inggih purun…dalem putra inggih badhe medun…najan ala menika kang putra suwun.” MBOK RONDHO DHADHAPAN “Lho…apa ra salah kowe le tole?” ANDE-ANDE LUMUT “Mboten mbok…niki sampun dadi pilihane kula.” KLENTING-KLENTING KUSAK-KUSUK MBOK RONDHO DHADHAPAN “Owh… yen kuwi pilihanmu le, simbok manut wae.” ANDE-ANDE LUMUT “Mbok, kula badhe ngmong jujur ngenani jati dirine kula.” MBOK RONDHO DHADHAPAN “Apa kuwi ngger?” ANDE-ANDE LUMUT “Mbok, kula menika sakjane pangeran ingakang mangembara golek pengalaman urip lan sisihing urip.” KLENTING-KLENTING “haaa!!!...??? pangeran??? KLENTING-KLENTING SEMAPUT PUNGKASANE KLENTING KUNING DADOS SISIHANIPUN ANDE-ANDE LUMUT, PASURYANIPUN INGKANG AWON UGI MAMBET DUMADEKAKE DADOS PUTRI INGKANG AYU. SEJATOSIUN KLENTING KUNING MENIKA PUTRI SEKARTAJI LAN ANDE-ANDHE LUMUT MENIKA RAJA NGETOSI RAMANIPUN. PENGERAN UGI KLENTING KUNING, GESANG SLARAS SAKLAWASE. Ande ande lumut bahasa jawa – Halo sahabat kamarin kita sudah membahas kumpulan cerita rakyat bahasa jawa. Jika ada diantara kalian yang kurang dan masih haus akan cerita-cerita zaman dulu, di artikel ini penulis akan membahas lagi tentang cerita rakyat ande ande lumut bahasa jawa. Ada yang sudah tahu kan, cerita ande-ande lumut yang dulu sering ditayangkan ditelevisi, dengan chanel INDOSIAR, tentunya sudah banyak yang tau kan, namun jika dalam bahasa jawa mungkin masih ada yang belum tahu, maka disini penulis kan memberikan referensi dan pengetahuan ande ande lumut bahasa jawa. Disini akan penulis bahas cerkak ande ande lumut dalam bahasa jawa dengan ringkas, unsur intrinsik, amanat cerita ande ande lumut dan naskah drama ande ande lumut bahasa jawa. Ikuti dengan semangat sampai akhir ok 🙂 Contents 1 Cerita Ande Ande Awalmula Cerita Ande-ande Klenting Kuning dan Ibu, Saudara Perjalanan Menuju Rumah Ande Ande Ande Ande Lumut dan Klenting Kuning2 Naskah Drama Ande Ande Lumut Bahasa Jawa3 Unsur Intrinsik Ande Ande Lumut Bahasa Jawa4 Penutup By Anda banyak versi cerita ande ande lumut bahasa jawa, cerita ande-ande lumut merupakan cerita yang berasal dari Jawa Timur. Cerita ande-ande lumut, jika dilihat dari sudut tradisional adalah sebuah cerita yang mengisahkan bersatunya kembali Kerajaan Janggalaga dan Kediri. Kisah ande-ande lumut ini berasal dari kerajaan Majapahit, dan cerita ini diwarisan secara lisan dan banyak didokumentasikan sampai sekarang. Cerita ande ande lumut ini, mengisahkan Pangeran Kusumayuda dari Kerajaan Kediri, yang bertemu dengan klenting kuning dengan empat bersaudara tiri, yang ternyata, putri dari kerajaan Janggalaga, yang dikenal dengan Candrakirana. Berikut cerkak ande ande lumut yang lebih jelasnya 🙂 Baca juga Cerita rakyat bahasa jawa cindelaras, paling asik Awalmula Cerita Ande-ande Lumut Ing setunggaling desa sing uripe kepenak, gemahripah loh jinawi, ayem tentrem. Enten setunggal kerajaan ingkang gadah putra naminipun Pangeran Kusuma Yudha. Dhekwene kepingin lelono pados pengalaman, jati diri lan pados garwa ingkang ayu lan sae manahipun. Sakderenge pangeran mpun ketemu kalin wong wadon ingkang ayu lan sae manahipun, nanging empun dangu mboten ketemu malih, ingkang paring asma Klentingkunig. Klenting kuning kalian Pangeran kusuma Yudha sami senenge ananging podo-podo menenge. Ing setunggaling dina, Pangeran Kusuma Yudha, sampun mulai lelono, nglampahi wono lan Pangeran Kusuma Yudha gantos nami nggih meniko ande-ande lumut, amergi dhekwene mboten kepingin enten seng ngertos nek dhekwene niku putra Raja Kediri. Nah, sangking lelono niki ande-ande lumut saget ketemu maleh kalian wong wadon ingkang ayu lan bagus manahipun. Ande-ande lumut, lelono mlampahi alas ingkang rimbun lan kandel, banjur dhekwene kalian rewange menga-mengo teng kiwo tengen, mbok menawi enten kewan seng saget di pun buru, soyo adoh lan soyo jero angsale lelono. Ande-ande lumut nyamar dados anakipun Mbok Rondo sangking deso Dadapan. Ing nggriane Mbok Rondho niku wau, ande ande lumut nyiarake badhe pados sesisihan. Sangking gantenge ande ande lumut, ndadosake kabeh wong wadon kesem-sem, termasuk dulur-dulure Klenting Kuning. Baca juga Asal usul dinamakannya Sura Baya, menggunakan bahasa jawa. Klenting Kuning dan Ibu, Saudara Tirinya Pas mireng menawi ande ande lumut pados sesisihan, Mbok Rondo Klenting ngengken putri-putrinipun tumut nglamar ande ande lumut. Putri-putrinipun Mbok Rondo Klenting niku sami ayayu, naminipun nggih meniko Klenting Hijau, Klenting Merah lan putri tirinipun nggeh menika Klenting Kuning, Mbok Rondo lakuke olo dateng Klenting Kuning. Sahingga Klenting Abang kalian Klenting Ijo, inuku sing paling diremeni, benten kalian Klenting Kuning. Dhekwene diken resik-resek, lan nyambut damel ing alas. Dhekwene diperlakokne koyoto babu ing griane niku, masio sedereke ugi gadah sifat ingkang olo dateng Klenting Kuning, anggene mrintah, matur niku sak enake dhewe. Untunge Klenting Kuning niku gadah sifat ingkang sae, sabar lan manut nopo dawuhe Mbok Tirine kalian sederek tirine, amergi Klenting Kuning sampun anggep nek niku sadulure kalian mbok kandunge. Klenting Kuning nggih badhe tumut, nglamar ande-ande lumut amergi Klenting Kuning ngertos nek dhekwene niku sejatosipun tiang ingkang diremeni, dhekwene ngertos niku sangking bebek ajaib seng dhekwene duweni. Mbok Tirine niku ngolehi nanging enten setunggal sarat, inggih menika diken ngersiki panci sing rupani nuku mpun cemeng banget. Klenting Kuning panggah purun ngersiki, kanti semangat Klentingkuning gosok dhandang niku wau, banjur angsane Klenting Kuning nyulap dhandang niku dados resik maleh. Perjalanan Menuju Rumah Ande Ande Lumut Sak sampune niku, amergi dalan teng nggriane Ande ande Lumut, kedah nyebrang ing lepen ageng, seng teng mriku ditenggo kalian yuyu ageng, ingkah naminipun yuyu kangkang. Yuyu punika purun nyebrangke, ananging enten upahe nggih menika jaluk diambung. Amergi wekdal sampun mepet Klenting Abang kalian Klenting Ijo purun. Saksampune niku gantosan Klentingkuning, dhekwene budale keri amergi kedah ngersiki dandang kolowau, kanti pacaan ingkang mboten karuan lan tasih kebak angus ing pipine, Klenting Kuning tetep budhal dwekan. Amergi bebek niku wau jalok dikon mateni, bebek wau dados pri seng ayu banget. Putri wau ngengken nguncalne tongkat sakti teng yuyu seng enten teng kali. Banjur Klenting Kuning inggih lewat lepen niku lan numpak yuyu kangkang, sak sampune dugi, amergi Klenting Kuning mboten purun di ambung, Klenting Kuning matur teng yuyu nek badhe diparingi hadiah. Banjur Klenting Kuning nguncalne tungkat sakti teng raine yuyu wau. Yuyu wau langsung dados manungsa malih, langsung dhekwene ngalih nemoni putri wau seng dados bebek. Klenting Abang lan Klenting Hijau mpun dugi grionipun Mbok Rondo dadapan, lan sampun ngaturaken nopo maksute dhekwene murunu, ananging masio dhekwene ayu-ayu, ande ande lumut noklak lamaranipun, amergi ande ande lumut ngertos menawi dhekwene nikuwau mantun diambung yuyu kangkang. Lajeng Klenting Kuning, dugi ing nggrianipun Mbok Rondo Dadapan, pas dhekwene dugi Mbok Rondo kalian sadulure ngeraos kaget amergi tampilane seng lumuh kebak angus. Sadulure ngino menawi Klenting Kuning orabakal diterima. Banjur Mbok Rondo, matur teng ande ande lumut menawi enten tiang seng nglamar maleh, namine Klenting Kuning, anangeng dhekwene lusuh. Ande ande lumut meniko purun amergi Klenting Kuning kolowau mboten purun menawi bade diambung yuyu kangkang. Ande Ande Lumut dan Klenting Kuning BY Bareng ande ande lumut medal Klenting Kuning kaget, ternyata bener nopo seng dipikirne Klenting Kuning menawi niku sejatosipun Pangeran Kerajaan Kediri. Lan Klenting Kuning niku sejatosipun Putri sangking Kerajaan Janggalaga, seng dikenal naminipun nggih meniku Candrakirana. Akhire Pangeran Kusumayudha dan Candrakirana, langsung nikah lan dados pasangan ingkang mboten saget dipisahne, lajeng Candrakirana dados putri ingkang ayu sak manahipun, lan Pangeran Kusunayudha dados Raja nggantosi bapakipun, akhire ande ande lumut lan Klenting Kuning urip salaras saklawase. Naskah Drama Ande Ande Lumut Bahasa Jawa Dalam naskah drama ande ande lumut dalam bahasa jawa singkat, ini Anda dapat membukanya di sini naskah drama ande ande lumut bahasa jawa singkat. Teks drama ande ande lumut singkat ini dapat Anda jadikan referensi untuk mengerjakan tugas sekolah, baik untuk pemain 7 orang maupun 6 orang. Unsur Intrinsik Ande Ande Lumut Bahasa Jawa Adapun unsur intrinsik ande ande lumut sebagai berikut. Tema Pados garwo mencari pasangan hidup yang baik Tokoh dan Karakternya Yuyu Kangkangpenolong, mengharapkan imbalan, Simbok Rondo Klentingjahat, pilih kasih Simbok Rondojujur lan wicaksono Klenting Merah lan Hijau ora sabar lan males ande ande lumut teguh pendirian, bijaksana Klenting Kuning sabar, sae, tabah, penolong, setia. Alur Maju. Latar Latar tempat ing alas, desa dadapan, kali, lan kerajaan Jika lebih tepatnya di Kediri Jawa Timur. Sudut pandang Orang ketiga Amanat ringkasan cerita rakyat ande ande lumut bahasa jawa Orang yang berhati baik dan melakukan kebaikan balasannya juga akan baik, namun jika berlaku keji maka balasannyapun serupa. Orang yang berbudi luhur dan rendah hati akan mendapatkan pahala, dan akan membawa kebahagiaan. Penutup Demikianlah, sekilas mengenai ande ande lumut mengunakan bahasa jawa, yang disertai dengan teks drama ande ande lumut bahasa jawa, unsur intrinsik dan amanat dari cerita ande ande lumut. Semoga dapat menjadi referensi yang baik, dan semoga apa yang Anda maksud ada di artikel ini, mohon maaf jika ada kesalahan dalam penulisan 🙂

ande ande lumut bahasa jawa